Oleh : Mbah Slamet Widodo.
JAKARTA – METROPAGINEWS.COM || Bisa kukur, nyawang wolak-walike jaman…
Nalika langit ora manunggal karo bumi,
Nalika jembar ilmu kalah karo deras hoaks,
Lan rasa isin diganti bangga pamer kesalahan.
Jaman wis mlumpat adoh saka pitutur simbah,
Sing biyen ngajari mangan nganggo tangan tengen,
Saiki malah rebutan ngemis validasi digital,
Like lan share dadi ukuran nilai urip.
Aku ndeleng omah-omah gedhe,
Pilaré dudu papat, nanging puluhan,
Nanging kabeh kosong,
Amarga ora ana panceré.
Sedulur papat wis dilalekke,
Sing dieling mung rekening, jabatan lan gengsi.
Pancernya ilang, diseret arus jaman,
Sing luwih seneng ngibadah gadget ketimbang Gusti.
Nanging aku eling…
Gubug sederhana karo papat pilar luwih ayem,
Amergo ana jiwa sing eling lan waspada,
Ora mung mlaku-mlaku, nanging ngerti arep menyang ngendi.
Komentar Klik di Sini