BerandaSerba-Serbi"Gubugku Papat Pilar, Yo Kuwi Sedulur Papat Lima Pancer"

“Gubugku Papat Pilar, Yo Kuwi Sedulur Papat Lima Pancer”

Oleh : Mbah Slamet Widodo.

 

REDAKSI – METROPAGINEWS.COM || Gubugku sederhana. Pilaré mung papat, tegak tanpa gagah, tapi cukup kuat nglindhungi saka panas lan udan. Gubug iki ora dibangun karo beton megah utawa baja modern, nanging karo rasa, doa, lan makna.

 

Papat pilar iku ora sembarang pilar. Kuwi lambang saka Sedulur Papat – kakang kawah, adi ari-ari, getih lan puser – sing ndherekake lahiré awak iki menyang donya.

 

IMG 20250513 WA0092 1

Tengahé, Pancer, yaiku aku, jiwa sing dititahaké dadi wakil Gusti, makhluk sing kudu eling lan waspada.

Ing gubug iki, aku urip bebarengan karo kesadaran, dudu kesombongan.

Dalané sepi, nanging atiné rame karo tembung-tembung bijak para leluhur. Ora ana keramik nggilap, nanging saben lelampahan dicekel karo adab lan laku.

Gubug papat pilar iki ndadekaké aku ngerti, nek kekuwatan sejati dudu saka gedhéné omah, nanging saka kuaté pondasi jiwa. Yen urip wis ana panceré, omah sempit ora bakal sesak.

Nanging yen pilar kebanyakan, malah munggah-munggah atapé nganti lupa ngadeg ing bumi.***

Komentar Klik di Sini